makalah wayang basa jawa


tugas basa jawa
BAB II
PAMBUKA
A.  Wigatos rembag

 

Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau dening kawula muda. Budaya adiluhur punika ugi saged paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. Satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika wayang.Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané  lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar  karakter  wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang ndamel wayang saking suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis punika mboten  kathah.

B. Ingkang Wigatos Dipunrembag
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khususipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.
C.   Kekajengan Ingkang Dipunrembeg
Wonten tiga perkawis ingkan dipunaturaken wonten makalah minika:
1.      Menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2.      Kados pundi sejarahipun wayang?
3.      Kados pundi sebutanipun wayang menika?
BAB II
WAOSING PIREMBAGAN
1.      Pangertosan Wayang
Wayang menika pagelaran ingkang ngagem boneka umumipun. Wayang dipunlakokaken dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel  wayang saking suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah.
2.     Sejarahipun Wayang
Miturut para ahli budaya uga panemunipun penyelidikan para ahli arkeologi sing wonten ing Indonesia, kesenian budaya wayang niku saktemenipun bentuk aslinipun sampun wonten rikala riyen, rikala taksih jaman kuna, yaiku jaman sakdurungipun wonten agama Hindu Budha. Ing jaman punika ingkang diarani budaya wayang sampun diduweni dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang niku iya kabudayan asline bangsa. Wektu niku, budaya wayang isih cedak hubunganipun karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih padha dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur saged dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga saged disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakanipun menungsa. Kosok baline ruh kuwi wau iya uga dipercaya saged ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuanipun roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene saged ngundang, nimbali para rohing leluhur ingkang sampun seda kangge disuwuni keselametan lan kamulyanipun menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara ndamel pagelaran wayang.
Kacarios woten ing wiwitaning tahun masehi, bangsa Hindu ingkang asalipun saking Jazirah India kathah ingkang sami datheng dados imigran ing Indonesia. Lajeng kebudayaan Hindu-Budha menika pungkasanipun saged dipuntrima dening masyarakat Jawi. Wonten ing jaman menika, basa Sansekerta sampun dipunagem dening kalangan bangsawan ingkang salajengipun mengaruhi basa asli Jawa tuwin Bali. Wonten ing mriki kesenian wayang kaliyan bangsa Hindu dipunagem dados wadah ngembangaken tuwin wedharaken budaya agami Hindu wonten ing carios Mahabharata utawi Ramayana. Kahanan kados mekaten menika lajeng ndadosaken campur tuwin manunggalaken budaya asli Indonesia kaliyan Hindu. Kesenian wayang ndadosaken agami Hindu cepet nyebar, ngresep tuwin dipuntampi dening masyarakat.
Kira-kira awalane tahun masehi, sami dening dicritakake kaliyan para ahli sejarah punika, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India kathah pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhiriun iya saged diterima dening penduduk asline Indonesia.
Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing mriki kesenian wayang dening bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sak sampunipun ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang ingkang budayanipun sampun campur manunggal niku wau ingkang sakterusipun dados sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan katerima ing masyarakat Indonesia.
Mila wonten jroning crita wayang niku kathah pranatanipun budaya agama Hindu. Miturut kitab Sastra Centhini kasebataken kesenian wayang purwo niu cinipta  dening Raja Jayabaya sangking Kerajaan Kediri. Kinten-kinten abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta ndamel gegambaranipun roh leluhur ingkang  dipun serataken wonten godhong lontar.
Gegambaran kados  punika wau kathah ingkang dipuntiru saking gambaranipun ”relief” crios Ramayana, ingkng sampun sinerat wonten candi Penataran Blitar. Prabu Jayabaya wonten mrika wau sanget katertarikanipun marang uwosipun Crios Ramayana amargi piyambakipun niku kalebet raja ingkang meyembah dewa Wishnu, ingkang ugi ngantos sakniki kalih masyarakat taksih dipercaya Prabu Jayabaya dipunanggep panjelmane lan titisane Betara Wishnu.
Ing jaman saksampunipun, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa niku dipunsampurnakaken wujudipun kalih Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga ingkang bergelar Sri Suryawisesa. Saklajengipun dados sae lan indahe. Kocap cinarita teras
wayang-wayang ingkang awujud wau lajeng diklumpukake lan disimpen wonten
jeroning peti ”khusus” ingkang ”nyeni” indah. Bebarengan kalih niku ugi dipunciptakaken pakem crios Ringgit purwa inkang pagelaranipun dipunwontenaken setiap wonten upacara-upacara penting wonten istana kerajaan lan ugi didalangi dewe kalih Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang menika luwih disampurnaaken lan dados tambah saene, amargi sampun ditambah bagian mrika-mrikine ingkang riyin-riyinipun dados kekiranganipun, teras digulung dados setunggal.Wayang ingkang awujudipun gulungan, menawi diagem pagelaran gulunganipun dibeber. Mila saking menika jenis wayang ingkang kados niku teras dipuncaosi nami Wayang  Beber. Awit wonten panemunipun wayang beber niki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah medal saking lingkunganipun keraton. Lan wiwit kuwi ugi masyarakat saknjabanipun keraton saged tumut ningali keindahanipun pagelaran kesenian wayang beber.
Saklajengipun nyaketi pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam sampun ngrambyah lan kawedhar wonten tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang ugi dipunagem ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kados punapa ugi ingkang ndadekaken kesenian wayang kathah perubahan wujud ingkang cekap ”signifikan”, kangge ngicalaken gegambarane manungsa ingkang wonten Agami Islam punika diharamaken lan ugi kangge ngicalaken gegambaran ingkang mujudaken pengaruh agama Hindu. Wonten jaman menika, wujudipun wayang dipunowah, didamel saking lunglang lan balung awujud awujud namung kados simbol-simbol supados gegambaranipun menungsa dados samar, saklajengipun ngantos sakmriki wujudipun wayang namung kaya lan dados arupa simbol-simbol wewayangan panguripanipun menungsa.
3.     Sebutan Wayang
Yen dipundut saking ukaranipun, wayang punika saking wewayangan, amargi pagelaranipun wonten  wayah ndalu lan ngagem lampu. Ananging katrangan niki sampun mboten saged diugemi malih. Wayang dados mboten  mligi boneka ingkang wonten wewayanganipun. Wayang golek ingkang dipundamel saking kajeng mboten ngandhelake wewayangan. Ukara wayang sampun dados  pagelaran boneka ingkang digelar dening dhalang. Umumipun, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang niki dipundamel saking tatahan lunglang kewan kanti lakon saking Mahabharata lan Ramayana.
BAB III
PANUTUP
Cerios ingkang dipunpundhut sangking epos Mahabharata lan Ramayana ingkang ugi sinebut Wayang Purwa . Ugi wonten ingkang nggelar lakon crios-crios 1001 ndalu saking tanah Arab.Wayang  ingkang kados niki dipun asmani Wayang Menak. Pagelaran niki misuwur wonten tanah Jawi. Wonten pagelaran niku wayang ditanjepaken wonten debog wonten sisih tengen lan kiwane dhalang. Wonten tengah, criosipun digelar. Sedinten se-ndalu  lakon diwedhar.
Wayang niki mboten namung sumebar wonten Jawi mawon, ananging ugi wonten tlatah sanes. Wonten Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni dening UNESCO tangga l7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang edi peni wonten babagan crios dongeng lan warisan ingkang berharga sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).
Wayang punika pagelaran ngagem boneka ingkang umumipun katingal endah ing wewayanganipun lan dilakokaken dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebat saged kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumipun, kang wujud 2 dhimensi, kadamel saking lunglang (walulang), ingkang biyasanipun lunglang sapi, utawi menda. Lan ingkang awujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warni adhedhasar karakter wayang kasebat. Nanging ingkang sawatara tlatah, ugi wonten ingkang ndamel  wayang saking suket, lan kerdhus, ananging wayang ingkang kados niki mboten kathah ditemoken wonten Indonesia.

Jinising  wayang inggih punika: Wayang Golek, Wayang Thengkul Bojonegoro, Wayang Krucil, Wayang Purwa,Wayang Beber, Wayang Uwong, Wayang Gedog, Wayang Sasak, Wayang Calonarang, Wayang Wahy, Wayang Menak, Wayang Klitik, Wayang Suluh, Wayang Papak, Wayang Madya, Wayang Parwa, Wayang Sadat, Wayang Kancil.

About these ads

Tagged: ,

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: